Sejarah Singkat Kampung Warak (Bahasa Jawa)
Kampung Warak Kampung warak inggeh menika dumunung ing kelurahan dukuh, kecamatan sidomukti,kota salatiga lan kahananipun tasih asri lan sejuk amergi kampung warak wonten ing gumuk lan kagungan kebon ingkang dipuntanemi wit-witan kang ageng. Kampung warak saget ngklangkungi 2 jalur inggeh menika saking grogol lan ngawen. Antaranipun kampung warak lan ngawen enten situs sejarah ing kang dipitados damel cikal bakal kampung warak. Situse inggeh menika asmanipun punden warak. Diceritaaken kaleh mbah martono, sesepuh ing kampung warak ingkang dados kuncen punden warak, asal mulanipun warak inggeh menika dhawahipun badak utawi warak wonten ing sumur. Mbah martono inggeh menika ingkang nggantosaken mbah sutarman ingkang sampun sedo tahun 2013. Diceritaaken ing zaman para wali ing wektu wewengkon warak taseh dados gung liwang tiwung,enten badak utawi warak ingkang ajeng ngunjuk wonten ing sumur, mandar dhawah wonten ing sumur, lajeng mati. Enten wong kang percoyo badak utawi ...