Sejarah Singkat Kampung Warak (Bahasa Jawa)
Kampung Warak
Kampung warak inggeh menika dumunung ing kelurahan dukuh, kecamatan sidomukti,kota salatiga lan kahananipun tasih asri lan sejuk
amergi kampung warak wonten ing gumuk lan kagungan kebon ingkang dipuntanemi
wit-witan kang ageng. Kampung warak saget ngklangkungi 2 jalur inggeh menika
saking grogol lan ngawen.
Antaranipun kampung warak lan ngawen enten situs sejarah
ing kang dipitados damel cikal bakal kampung warak. Situse inggeh menika
asmanipun punden warak.
Diceritaaken kaleh mbah martono, sesepuh ing kampung
warak ingkang dados kuncen punden warak, asal mulanipun warak inggeh menika
dhawahipun badak utawi warak wonten ing sumur. Mbah martono inggeh menika
ingkang nggantosaken mbah sutarman ingkang sampun sedo tahun 2013.
Diceritaaken ing zaman para wali ing wektu wewengkon
warak taseh dados gung liwang tiwung,enten badak utawi warak ingkang ajeng
ngunjuk wonten ing sumur, mandar dhawah wonten ing sumur, lajeng mati. Enten
wong kang percoyo badak utawi warak iku jelmaan ki ageng tawangan. Ki ageng
tawangan inggeh menika wong kang sekti saking kerajaan banten kang pindah ing
wewengkon warak ing zaman kerajaan maja pahit, amargi kerajaan banten runtuh.
Sesepuh kampung pikantuk wisek saking ki ageng tawangan kersanipun maringi asma
ing kampung iku kampung warak.
Saben tahun ing wulan sapar kampung warak ngawontenaken
tradisi saparan kangge ngurmati ki ageng tawangan. Tradisi saparan biasanipun
disarengi besik makam, resik-resik lepen, dungo ing punden warak lan puncak
acara enten pagelaran ringgit sewengi suntuk.
Sesajenipun kang dikintunaken ing punden warak arupi
rokok klobot, kembang tigo werno(kembang telon), suruh, lan menyan. Sesajen
niku dikintunaken dinten jumat wage lan jumat kliwon. Sami kaleh penyuwunane ki
ageng tawangan.
Diceritaaken kaleh mbah martono, wektu wonten G30S teng
pundi-pundi wonten penculikan,penangkapa, lan rajapati. Warga warak saget
selamet. Padahal warga liya padha dados korban. Mulo menawi ajeng mplebet ing
kampung warak mbeto sesaji, sami kaleh penyuwunan ki ageng tawangan. Lan akhirenipun
para penculiik mbiten saget nemoaken dalan mplebet ing kampung warak.
Dugi
sepriki kesakralanipun punden warak tasih dipitados para peziarah punden warak.
Wiwit nyiwun jabatan, jodoh,momongan lan ugi nomor togel.
Komentar
Posting Komentar